Sabtu, 02 Oktober 2010

Idul Fitri

    Poso wes rampung. Kita sedaya ingkang badhe mangaya bagya. Bibar shalat Maghrib, kita sedaya badhe takbiran. Kula takbiran ing sekolah. Kula seneng sanget amargi kula saget ngageti konco ing tengah lapangan. Kula rampung takbiran jam setengah songo. Sak wise takbiran, kula dugi ing dalem mboten langsung tilem amargi paklek lan bulek kula dhateng ing dalem. Jam sedasa kula badhe tilem.
    Esuk-esuk kula cepak-cepak badhe budhal wonten masjid. Kula budhal saking dalem jam setengah pitu. Bibar shalat, kula wangsul dhateng dalem. Kula sungkeman kalihan bapak lan ibu kula. Sak wisenipun kula sungkeman dhateng simbah sing griyanipun caket dalem kula. Bibar niku kula nedho. bibar nedho, kuela sungkeman kalih tetanggi caket kula. Kula kalih mas, bapak, lan ibu budhal ing dalem simbah dhateng Kalidoro. Ing dalem simbah, dulur-dulur podho kumpul. Kula sunkeman kalih dulur-dulur. Bibar niku kula tilem amargi kula sampun ngantuk.   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar